Rabu, 12 Oktober 2011

Ceritra Saka Jawa Tengah

Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.


sumber : google

Rabu, 10 Agustus 2011

Atur Pambagyo Harja

Bismillahirrahmanirrahim….
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
            Panjenenganipun para pepunden, para sesepuh ingkang minulya. Para kadang kaneman ingkang bagyo mulya. Para tamu kakung putri ingkang pantes sinu darsana.
            Keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan awit kula dipundawuhi Ibu Rahayu ngaturaken raos bingah ing kalenggahan punika.
            Minangka purwakaning atur sumangga panjenengan sedaya kula derekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ta’ala, ingkang sampun paring pinten – pinten kenikmatan saengga kita sedaya tasih saget kempal manunggal kanthi pinayungan kawilujengan.
            Para lenggah ingkang minulya, madyaning wiwahan punika panjenenganipun Ibu Rahayu lumantar kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindan.
            Dene wosing gati pawiwahan punika, sepisan awit ngaturi pirsa bilih Ibu Rahayu sampun kepareng nglairaken putra kakung kanthi wilujeng nir ing sambekala. Dene putranipun dipun paring tetenger Satriyo Permana. Ingkang kaping kaleh, penjenengan sedaya punsuwuni berkah pangestu mugi – mugi putranipun dados lare ingkang soleh, bektos dhateng tiyang sepuh, lan tanggi tepalih. Ingkang kaping tiga ngaturaken agunging panuwun awit sedaya peparingipun bantuan ingkang awujud menapa kemawon. Ingkang angka sekawan nyuwun pangapunten ambokbilih anggenipun nampi karawuhan kirang mranani ing penggalih.
            Para tamu kakung putri ingkang minulya, ing mbokbilih mekaten ingkang saget kita aturaken minangka talanging basa saking Ibu Rahayu wonten kekirangan saha kalepatan kula, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

sumber : Afna Natfiya
 

Kagunganipun Bu Darmi Copyright © 2010 | Designed by: Compartidisimo